masukkan script iklan disini
Ladang Doa Hebat - Ono salah sawijining ngelmu kang ora kabeh uwong iso ngelakoni. Arane Ilmu Kebal Panas. Sopo sing nguasai ngelmu iki ora bakal mempan diobong. Umpomo kabeh uwong iso ngelmu iki, pemadam kebakaran ora perlu ngangge klambi anti panas.
Asal usul ilmu iki kasebut ing akeh kitab kang masyhur, kitab Al-Qur'an contone jelas nyebutaken yen Nabi Ibrohim ora ngrasak'ake panas naliko di obong dening kaume. Kitab Ramayana nyebutaken yen Anoman ora mempan naliko diobong Dosomuko Rojo Ngalengko.
Ing jaman saiki tahun 2010 wus jarang banget sing iso ngelmu iki, Salah sawijining uwong sing nguasai ilmu iki yoiku kyai Segawon , Piyambak'ipun nate dawuh : "aku kepingin nurunake ilmu iki marang siro kabeh supoyo ilmu iki ora muspro. nanging welingki yen wis iso ngelmu iki ojo digunak'ake kangge kemungkaran."
Sak temene ora angel mempelajari ilmu iki cukup apalno dungane yen wis apal coba dijajal disek, ojo langsung dipraktekne tapi dijajal disek, carane yoiku siapno wedang kopi panas lek perlu banyune umub. yen ora ngangge dungo, kok sebul peng piro wae, sui yen kepingin ndadeake wedang iku adem, tapi yen ngangge dungo iki tak jamin sampe ndungo kopimu langsung adem tanpo disebul. yen wiz berhasil lagek oleh kok praktekne.
dungone yoiki : يا نار كوني بردا وسلاما على إبراهيم
NB:
Dungone sengojo ora ditulis ngangge boso jowo perlune supoyo ngelmu iki ora sembarangan di gawe dolanan, mung uwong tertentu sing iso moco dungo iki.Syarate dungo iku di woco peng satus, lagek iso mumpuniYen ngelmu iki ternyata ora mandi ojo nyalahne sing ndue blogKurang Jelas Doa Nya, Komentar Di bawah ini.